Shalawat Wasiat Simbah Umar Abdul Mannan
Kamis, 01 September 2016 19:12
Author: al-muayyad
Allahumma sholli wa salim ‘alaa # Sayyidina wa maulanaa muhammadin
‘adada maa fi ‘ilmillahi sholatan # Da’imatan bida wa min mulkillahi
Wasiate Kyai Umar maring kita.
Mumpung sela ana donya dha mempenga.
Mempeng ngaji ilmu nafi’ sangu mati.
Aja isin aja rikuh kudu ngaji
Dha ngajiya marang sedulur kang ngerti
Aja isin najan gurune mung bayi
Yen wus hasil entuk ilmu lakonono
Najan sithik nggonmu amal dilanggengno
Aja ngasi gegojegan dedolanan
Rina wengi kabeh iku manut syetan
Ora kena kanda kasep sebab tuwa
Selagine durung pecat sangka nyawa
Ayo konco padha guyub lan rukunan
Aja ngasi pisah congkrah lan neng-nengan
Guyub rukun iku marakake rosa
Pisah congkrah lan neng-nengan iku dosa
Ing sahrene dawuh rukun iku nyata
Ayo enggal dha nglakoni aja gela
Aja rikuh aja isin aja wedi
Kudu enggal dilakoni selak mati
Mula ayo bebarengan sekolaho
Mesti pinter dadi bocah kang utama
Budhi pekertine becik sarta tata
Woh-wohane bakal bekti marang wong tuwa
Ing sahrene dawuh rukun iku cetha
Ayo enggal dha nglakoni aja gela
Ayo sekolah nyang madrasah Al-Qur’an
Padha ngaji Qur’an ana Mangkuyudan